WAYAH SORE


Srengenge wes ngulon
Ora ono mendung
Minangka tandane udan
Koyo sing wingi-wingi

W
ektu iku

A
ku mlaku-mlaku karo kancaku

L
an weroh bocah-bocah pada seneng

P
ada guyon karo playon


Kahanan sore iki pancen nyenengake
Ora ono udan, ora ono angin
Langit sumilak resik
Arjuna lan Bromo katon asline




PETENGING WENGI


Sumribit angin ngelus langit sore
Manuk sriti bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning wengi sing nyenyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu
Gawe tambah kekesing angin sore
Tumlawung rasa kang ngulandara
Wengi bakal tumeka maneh
Bareng karo wewayanganmu
Kang bakal ngebaki impen petenging wengi
Lumaku turut petenging lurung
Bakal gawang-gawang campur mega-mega
Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

PEPADANG BAKAL TUMEKA
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang . . .

WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***


LINTANG-LINTANG
lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu
lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
 


SEDYAKU

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…
Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku
Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…


PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang


KEKUDANGANKU

maymintaraga 19 april 2009
o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya
yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling
o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***
kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara


UDAN WAYAH SORE

maymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***


NALIKA SEPI ….

pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi
tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut *


RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pengarang: Budhi setyawan

Poskan Komentar Blogger

 
Top