22

Hy sobat, kali ini saya akan berbagi informasi tentang cerito cekak  bahasa jawa, nah bagi kalian yang masih duduk di bangku sekolah sudah pasti tahu soal cerito cekak  bahasa jawa, karena itu saya akan memberikan contoh cerito cekak basa jawa, monggo disimak cerito cekaknya

Amarga Salah Paham

Sawijining dina…
Ora kaya biasane Pras lan Pandu sing   kawentar minangka kanca raket iku meneng-menengan lan katon wis rong dina  ora guneman , amarga kuwi Yudha sing bocah anyar pindahan saka kutha nanging uga kerep srawung karo kekarone nyoba nengahi supaya paseduluran ing antarane bocah loro iku ora pedhot.
“Pras, aku lihat-lihat wis rong dina iki  koq nggak bertegur sapa karo Pandu, memangnya kowe ono masalah ya karo Pandu?” pitakone Yudha nganggo basa jawa sing grothal grathul
“ora koq Yud, ora ono apa apa” jawabe Pras singkat
“ayolah Pras, ora usah ngapusi ..kalian kan sahabat, kanca kenthel malah kata Bu Guru, pasti ada sesuatu kan mmungkin wae aku bisa bantu” Yudha tetep ora nyerah mbujuki Pras supaya gelem crita
“Yud,  sebenere pancen  aku karo Pandu wis ora sapa aruh rong ndina iki, tapi iki merga kabeh salahe koq, mosok buku diktat  sing disilih Pandu  ki ngakune wis dibalikke seminggu kepungkur , padahal kenyataane durung mbalik ning aku, nanging Pandu ngodro yen wis dibalikke pas dolan ning omah malah ganti nuduh aku pikun jan nggregetke tenan bocah iku” pungkasane Pras crita dawa
“ooo…ngono to Pras, tapi memang nya sudah kamu cari ke tempat lain selain di meja belajarmu Pras, ya siapa tahu bukunya ketlisut dimana gitu?” Yudha nyoba takon kanthi ati-ati
“apa kowe ya nuduh aku pikun, lali ndeleh buku ning endi to Yud?” Pras rada muring-muring ditakoni ngono
“yo nggak gitu, aku kan cuman nanya…sapa ngerti gitu, ntar aku boleh kan main ke tempatmu, tak nyoba bantu kamu nyari sekalian belajar bareng kaya biasane, piye Pras?” pitakone Yudha
“yo gak pa pa sih ,sinau bareng wae ning nggonku Yud” jawabe Pras
“iya deh…sip. sampai ketemu ngko sore yo pras”
***

Sejam sakdurunge….
“dadi ngono critane Yud, mosok aku ki yo ngapusi to wong cetha cetha aku ki wis mbalikke bukune Pras koq pas aku dolan ning omahe
“ooh gitu critanya Pan..hem mungkin saja Pras lupa lali kalau buku yang kamu pinjam wis mbok balikke yo” ujare Yudha
“lagian Pras iku kan lalinan Yud, kowe ngerti dhewe kan muga muga sih bukune pancen ming ketlisut, aku yo dadi ora penak gara-gara buku dhewe dadi meneng menengan ngene, dikirane aku ora njaga amanah to”curhate Pandu maneh
“ya sudah kalau gitu, nanti sore kamu ikut aku saja kita sianau bareng seperti biasanya, nanti sambil njelasin masalah ini biar selesai, gimana?”
“yo wis aku melu wae Yud, aku yo bakal ngganti bukune yen pancen ora ono”
***
sore iku ing omahe Pras
“Pandu, aku njaluk ngapura yo jebul buku diktat sing mbok balikke kae pancen wis tak tampa, tapi gara-gara tak nggo sinau bengi-bengi nganti keturon malah tiba ning ngisor dipan, dhek awan tak temu pas resik resik kamar…..maaf yo aku wis nuduh kowe rung mbalikke” Pras ngomong sinambi ndhingkluk nalika Pandu lan Yudha teka ing omahe
“wah syukur nek ngono Pras, aku ki yo kepikiran terus, wis ora perlu isin . aku yo njaluk ngapura amarga ngenengke awakmu….kosong kosong yo Pras dhewe tetep kekancan to?” jawabe Pandu
“he em ora ming kekancan tapi seduluran” Pras ngomong sinambi ngrangkul pandu
“nah gitu donk…kalian kan sahabat baik, sudah seharusnya saling memaafkan dan berbaikan lagi seperti ini” Yudha katon seneng amarga usahane kasil
“maturnuwun y Yud…kamu memang baik hati”ujare Pras lan Pandu bebarengan
“okeee…sama-sama yuk….sinau bareng e ndang dimulai”
<><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><><>
Ora bersyukur
      Jenengku Nur Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah entuk panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun, kelas XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP kelas VIII biyen.

     Nalika aku SMP aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake duwe kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat olahraga apa wae.

     Aku uga meri marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing utawa Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu guruku sing kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake Komputer-komputer sing ana ing Laboratorium Komputer ing 

sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend  ing kelasku, HP uga ngetrend pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi utawa touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane mulai 1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman lawas.Aku uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena disambungake marang internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan lan bisa sekolah wae wis luwih teka cukup.

     Aku iya sempet ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk ganti marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi sing apik-apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak Indah.

    Aku mulai sadar yen aku duwe kalebihan  wektu sewiji dina aku mulih sekolah.Aku mlayu menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas kosong.Aku eling yen wektu aku ndelok internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy lan duwit  Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00, gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga entuk pembinaan saka Pembina teka SMP Bakti Oetomo Jakarta.Hadiah sing ditawanake uga marai aku seneng lan kepingin melu partisipasi ing lomba kuwi.Aku iseng nulis cerpen gawe melu Lomba kasebut.Akhire, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe sing kajudul ‘’Mimpi’’.Cerpen kuwi dakgawe s isine kuwi ana bocah sing jenenge April sing anduweni mimpi dhuwur lan kepingin nggayuh mimpi sing duwur kasebut tapi ora isa jalaran ora ana bandane.Lan sesuk e ing sekolah, aku jaluk tolong gaweno E-mail utawa surat elektronik marang kancaku.Maklum, aku iki bocah Gaptek utawa gagap teknologi.Sawise mari gawe alamat E-mail sing dak pengeni, banjur tak kirimno marang alamat e-mail panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi.Kurang luwih seminggu aku ngenteni pengumuman pemenang lomba kuwi, akhire ing dina minggu aku disms kancaku yen aku dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat Kabupaten kuwi.Aku kaget, seneng tur bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba kasebut.Banjur dak kandakake marang ibu lan bapak yen ak berhasil menang ing lomba kuwi.Wong tuwaku bangga marang aku.Aku seneng banget yen ngerti tanggepan wong tuwaku positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi.Saka lomba kuwi, aku entuk duwit Rp 500.000,00.Aku seneng amarga saka hobi anyarku nulis mau, aku isa ngasilake duwit kanggo mbayari sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.

     Sakjege peristiwa kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu kosong, aku mesti nulis cerpen.Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.Akhire, banjur aku dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.Ing omahku, akeh piala pemenang lomba-lomba nulis cerpen.Piala pertama sing dakoleh wektu lomba nulis cerpen remaja kuwi dakseleh ing kamar.Akhire, yen aku wis mlebu SMA, aku bakal milih jurusan Bahasa.Alasanku arep milih  jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa khusus e nulis.Saka hobi nulisku iki, aku duwene cita’’ dadi guru Bahasa Indonesia utawa penulis cerpen utawa novel terkenal sok mben.Aku bangga marang awakku dewe.Aku isa mbuktina marang wong liya, yen kemiskinan ora penghalang gawe nggayuh mimpi kang dhuwur.

Posting Komentar

  1. Aku nyimak aja....
    Aku rada rada gak ngerti basa Jawa
    ok Sob?

    BalasHapus
  2. apik ee ceritane :)

    BalasHapus
  3. wah wah.. apik tenan yo crita ing dwur kuwe :)

    BalasHapus
  4. maturnuwun loh...
    seng wis berkunjung
    jok lali komentare ndek kotak facebook :o

    BalasHapus
  5. artikel yg bagus.
    ijin copas ya..
    terimakasih

    BalasHapus
  6. bisa diganti aksara jawa gak ??

    BalasHapus
  7. sist copas satu ya (h) :) :d

    BalasHapus
  8. mo nanya, nge postnya kapan nih

    BalasHapus
  9. Thank's ..............ya Sob .....
    Blog ini sangat membantu saya dlm mengrjkn PR........
    Ditambah lgy ya Cerpen Jawanya.......

    BalasHapus
  10. (h) :) ( o) Emoticonya klupaan .................hahaha........:-d :-)

    BalasHapus

 
Top